Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan Kampung Umkm Digital

Kepyakan Kampung Umkm Digital

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge njurung pangrembakaning Usaha Mikro Kecil dan Menengah, UMKM ing Kabupaten Bantul, Dinas Perindagkop grengseng nindakaken pendampingan. Kejawi mbiyantu promosi lumantar  pameran konvensional, Disperindagkop samangke ngepyakaken  promosi berbasis on line. Kepyakan Kampung UMKM Digital dipun tindakaken dinten Rebo (30/11) siyang ing Pendhapi Parasamnya Pemkab Bantul.

Kanthi memitran kaliyan Telkom, Pemkab Bantul kupiya mekaraken  pasar UMKM lumantar  pemasaran lan promosi  online. Kalih UMKM Bantul, inggih punika Krebet, Sendangsari, Pajangan sarta Kelurahan Murtigading, Sanden kapiji dados  pilot project Kampung UMKM Digital. Sedaya wohing pakaryan UMKM ing kekalih wewengkon kasebat dipun biyantu kanthi sistem pemasaran online mawi jaringan kopatibel saking Telkom. Kanthi makaten  pelaku UMKM saged masaraken produk langsung dhateng saindhenging donya ingkang tanpa wates. MoU patembayatan Kampung UMKM Digital dipun tapak asmani Bupati Bantul lan Kepala Telkom Bantul.

Kasi Pengembangan Perdagangan Disperindagkop Bantul, Zanita Sri Andanawati mratelakaken, kangge percontohan enggal wonten 2 teleng UMKM ingkang jinangkepan jaringan internet, inggih punika Krebet lan Murtigading. Ewa semanten sedaya teleng UMKM ing  Bantul saged ngajengaken supados kadhapuk dados Kampung UMKM Digital, sauger wonten jaringan optik Telkom badhe dipun ladosi dening Disperindagkop nanging menawi dereng wonten jaringan optik pramila badhe dipun cawisaken jaringan satelit. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.