Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Buku Jurnal Ilmiah Tumrap Guru

Buku Jurnal Ilmiah Tumrap Guru

Sleman, www.jogjatv.tv – 1.500 guru saking maneka tataran pendidikan  ing Sleman, dinten Rebo enjing ngestreni resepsi pengetan ambal warsa kaping 71 taun, Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) lan Hari Guru Nasional 2016, ing Gedung Serbaguna Sleman. Wonten ing kalodhangan kasebat, Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga (Disdikpora) Kabupaten Sleman ngepyakaken buku jurnal karya ilmiah anggitan sawetawis  guru ing Sleman.

Kepyakan buku jurnal ilmiah dipun tandhani kanthi masrahaken buku jurnal saking Kepala Disdikpora Kabupaten Sleman, Arif Haryono, dhateng Bupati Sleman, Sri Purnomo lan salajengipun dipun pasrahaken dhateng Ketua PGRI Sleman, Sudiyo. Wonten ing pambagyanipun, Bupati Sleman, Sri Purnomo mratelakaken, ayahanipun guru pancen awrat lan maneka warni. Awit saking punika, Sri Purnomo ngajab supados para guru ing Sleman kedah mbudidaya nambah seserepan, nuhoni  kaidah-kaidah ayahan guru kanthi sae lan leres.

Miturut Kepala Disdikpora Sleman, Arif Haryono, buku jurnal ilmiah ingkang kandelipun 124 kaca punika, ngemot  karya ilmiah asil panaliten 10 guru ing Sleman. Jurnal punika kaajab dados pamecut tumrap para guru kangge nindakaken panaliten lan menawi kangelan saged  sinau saking buku jurnal utawi ngangsu kawruh dhateng guru ingkang sampun kasembadan damel karya ilmiah. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.