Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kuota Pelatihan Dhateng Blk Dereng Nyekapi

Kuota Pelatihan Dhateng Blk Dereng Nyekapi

Bantul, www.jogjatv.tv – Salah satunggaling  kupiya kange nyuda angka pengangguran inggih wontenipun pelatihan lumantar Balai Latihan Kerja (BLK). Ewa semanten ngantos samangke pelatihan ing BLK dereng tumanja jalaran winatesipun anggaran. Kepala Disnakertrans Bantul, Susanto mratelakaken dereng marem dhateng kupiyanipun BLK taun punika. Sinaosa sampun kasil ngadani pelatihan kangge 1.440 pasarta, kanthi ngecakaken anggaran DAK kabupaten punapa dene DAK non fisik nanging cacahipun taksih sekedhik tinimbang ingkang ndaftaraken  pelatihan dhateng BLK. Mesthinipun BLK nggladhi  2.500 pasarta saben taun amrih kasembadan nyuda pengangguran.

Sinaosa taksih tebih saking pangangkah nanging   Susanto mboten saged tumindak kathah. Winatesipun anggaran ingkang dipun cawisaken dening Pemkab Bantul njalari kuota  pelatihan ing BLK sekedhik. Warga ingkang dereng saged tumut pelatihan supados purun nyrantos pelatihan candhakipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.