Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wayang Pulau Gambaran Wayang Pancasila

Wayang Pulau Gambaran Wayang Pancasila

Sleman, www.jogjatv.tv – Limrahipun masyarakat mangertos bilih ringgit inggih satunggaling kagunan seni asal saking Pulo Jawa kanthi cariyos Epos Mahabarata utawi Ramayana nanging beda kaliyan ingkang dipun anggit dening Nanang Garuda. Nanang nganggit gatra ringgit enggal ingkang wujudipun memper pulo-pulo ing Indonesia wiwit saking Pulo Sumatra ngantos Papua.

Wayang Pulau inggih satunggaling inovasi enggal saking ringgit kangge biwara Pancasila lan Bhineka Tunggal Ika. Jinis ringgit punika dipun gagas dening Nanang Garuda ingkang kepengin suka piweling dhateng penerus bangsa, bilih Wayang Pulau inggih nggambaraken maneka pulau ing Indonesia, ingkang sugih suku, tatacara adat, jinis tetedhan, lagu daerah, lan sanesipun ingkang dipun telakaken kanthi wujud ringgit.

Kanthi wontenipun workshop ingkang dipun adani dening Pusat Study Pancasila Universitas Gadjah Mada saged dados sarana nampi pamanggih saking perwakilan mahasiswa saindenging Indonesia amrih Wayang Pulau riptanipun Nanang Garudha tansaya sampurna lan saged dipun tampi dening maneka kalangan. ( Viecintia Rina+Sayoga )

Share this with friends

Comments are closed.