Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Batik On Street, Nepangaken Bathik Asli Kulonprogo

Batik On Street, Nepangaken Bathik Asli Kulonprogo

Kulonprogo, www.jogjatv.tv — Atusan pasarta inggih para perajin, wiranem lan pelajar tumut ngregengaken kridha Bathik On The Street ing Kecamatan Lendah, Kulonprogo. Kanthi nempuh lampah antawis kalih kilometer saking Baledesa Gulurejo tumuju dhateng Baledesa Ngentakrejo, para pasarta mitontonaken maneka wohing pakaryanipun kanthi kreasi ingkang nengsemaken.

Kridha Bathik On Street punika kawiwitan kanthi lampahing para peragawati kanthi dipun iringi drumband. Salajengipun wonten Rumah Batik Farras ingkang mitontonaken para peri mawi swiwi kupu saking bathik, gambaran widadari ingkang mandhap saking kahyangan dipun dherekaken dening puluhan pangombyongipun tumurun dhateng marcapada.

Batik On Street ugi suka wadhah dhateng para perajin bathik, antawisipun kanthi mameraken wohing pakaryan wujud bathik ingkang panjangipun satus meter kanthi maneka motif ingkang nate dipun damel dening masyarakat. Badhe bathik kasebat dipun ebahaken kadosdene alun seganten satemah katingal endah nengsemaken.

Kirab bathik inggih mujudaken kridha ingkang sepisanan dipun gelar dhateng Desa Gulurejo lan Ngenthakrejo, kanthi ancas kangge mbiwarakaken daya kaskaya desa, ingkang racak warganipun inggih para perajin bathik. Lumantar Bathik On Street, kaajab saya kathah wisatawan ingkang dhateng kangge blanja bathik asal Lendah, Kulonprogo.

Bathik On The Street inggih mujudaken kridha ingkang dipun gelar dening para perajin bathik ing Desa Gulurejo lan Ngentakrejo ingkang kawentar minangka teleng produksi bathik lokal Kabupaten Kulonprogo. Kridha ingkang dipun tata salebeting fashion show jalanan punika dipun estreni dening 10 perajin batik sarta welasan komunitas.

Mungkasi Bathik On Street, masyarakat utawi pamirsa ngrayah gunungan bathik ingkang isi maneka bathik wohing pakaryanipun para perajin bathik ing papan kasebat. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.