Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Regenerasi Pembatik Ing Kota Batik

Sleman, www.jogjatv.tv – DIY sampun dipun kukuhaken minangka Kota Batik Dunia dening  Dewan Kerajinan Dunia WCC. Awit saking punika, betah regenerasi lan pembinaan tumrap generasi muda  supados pikukuhan Kota Batik Dunia  mboten dipun jabel. Kangge njurung raos tresna dhateng batik  sarta kangge gladhi  para pembatik ingkang mumpuni , P4TK Seni dan Budaya nggelar lomba batik... {...}

Continue Reading →

Perajin Deling Betah Bantuwan Pawitan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Wiwit taun  2007 saperangan warga Desa Kalijambe, Kecamatan Bener, Purworejo, Jawa Tengah nekuni pakaryan minangka perajin deling. Maneka kerajinan damelan perajin ing wewengkon kasebat antawisipun meja kursi tamu, meja makan lan slintru. Salah satunggaling perajin deling, Wawan, mratelakaken nate pikantuk bantuwan saking pemerintah daerah wujud piranti antawisipun graji, peso lan golok. Ewa... {...}

Continue Reading →

Lomba Sesorah  Lan Tari Guru SLB Sa Bantul

Bantul, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Guru Nasional, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Sekolah Luar Biasa Kabupaten Bantul  nggelar maneka kridha. Dinten Selasa (22/11) siyang dipun gelar lomba sesorah lan tari kreasi guru SLB sa Bantul. Puluhan pamupu saking 18 SLB ing Bantul tumut mupu lomba punika.Puluhan pamupu nedahaken kasagetanipun ing Sekolah Autis Bina Anggita, Banguntapan,... {...}

Continue Reading →

Kepyakan  Festival Seni Internasional 2016

Sleman, www.jogjatv.tv – Pusat Pengembangan dan Pemberdayaan Pendidik dan Tenaga Kependidikan (P4TK) Seni dan Budaya Yogyakarta, nggelar  Festival Seni Internasional (FSI) taun 2016. Lampahing festival dipun kepyakaken dening Menteri Pendidikan dan Kebudayaan,Muhadjir Effendy, dinten Senen (21/11) siyang. Kepyakan festival dipun regengaken  pagelaran tari, Colour Of Butterfly sarta tari garapan Didik Nini Thowok, “Tettari” , kanthi... {...}

Continue Reading →

BBM Satu Harga Badhe Dipun Kepyakaken Wiwitan Taun 2017

Magelang, www.jogjatv.tv – Menteri BUMN Republik Indonesia, Rini Soemarno, nedheng  cecawisan kepyakan  BBM Satu Harga dhateng saindhenging wewengkon  Indonesia ing wiwitan wulan Januari 2017. Pehakipun ngajab supados  PT Pertamina nanggel wragat transportasi ingkang miturut pamawasipun  njalari regi BBM dhateng sanjawining Pulo Jawa, awis.Nalika blusukan pembangunan Badan Perekonomian Desa dening Forum BUMN ing Warung Kopi Ngaran... {...}

Continue Reading →

Gunungkidul Kaangkah Dados Teleng Taneman Kakao

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Taneman kakao utawi coklat sampun mataun-taun dados taneman unggulan ing Kabupaten Gunungkidul mliginipun ing Kecamatan Pathuk. Emanipun para petani anggenipun nyade kakao namung mirah, awit dipun sade mentah, reginipun gangsal ewu ngantos sedasa ewu rupiyah saben kilo. Anut pangrembakaning teknologi, samangke Kabupaten Gunungkidul sampun saged ngocal isi kakao dados produk ingkang ageng... {...}

Continue Reading →

Kementerian bumn ngepyakaken balkondes

Magelang, www.jogjatv.tv – Nalika pasang sela sepisanan  pambangunan Balai Ekonomi Desa -Balkondes ing Desa Tuksongo, Kecamatan Birobudur , Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, Menteri Badan Usaha Milik Negara (BUMN) Rini Soemarno, mrateakaken, Presiden Joko Widodo paring dhawuh supados sedaya elemen pemerintah biyantu pangrembakaning  papan  wisata ing Indonesia. Kangge mujudi gagasan wau, sedaya  BUMN tumemen ngrembakaken destinasi... {...}

Continue Reading →

Para Pandhe Saged Nyekapi Kabetahan Petani

Purworejo, www.jogjatv.tv – Para pandhe ing Purworejo, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih saged nyekapi  kabetahan piranti olah tetanen. Awit saking punika, wontenipun rantaman impor pacul, badhe nuwuhaken kapitunan tumrap para pandhe ingkang sampun puluhan taun nekuni pakaryan kasebat. Salah satunggaling pandhe, ing Desa Kebun Gunung, Loano, Sumarmo mratelakaken makarya minangka pandhe wiwit taun 1974 kabiyantu... {...}

Continue Reading →

Pisang Raja Sewu Tundhunan 2 Meter

Klaten, www.jogjatv.tv – Dhateng sapinggiring Jalan Raya Yogya Solo, inggih punika ing Desa Sanggrahan,Prambanan,Klaten,Jawa Tengah, tuwuh satunggaling uwit pisang ingkang tundhunanipun langkung saking kalih meter. Uwoh pisang ing tundhunan punika katingal taksih alit dene tuntutipun ugi taksih wonten. Uwit pisang kasebat inggih jinis pisang rajasewu, ingkang dipun tanem kalih wulan kapengker. Awit kaelokan taneman kasebat... {...}

Continue Reading →

Regi Brambang Mindhak 

Klaten, www.jogjatv.tv – Awit kaperbawan anomali cuaca sawetawis wekdal punika njalari  regi sawetawis komoditas pangan mindhak, kalebet ugi regi brambang. Adhedhasar panyemak dhateng sawetawis peken tradisional ing wewengkon Klaten, Jawa Tengah, salah satunggalipun dhateng Peken Induk Klaten Kota, sampun kalih peken  regi brambang mindhak. Menawi sakawit regi brambang tigang dasa ewu rupiyah samangke mindhak dados... {...}

Continue Reading →

Page 6 of 98