Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Brambang Mindhak 

Regi Brambang Mindhak 

Klaten, www.jogjatv.tv – Awit kaperbawan anomali cuaca sawetawis wekdal punika njalari  regi sawetawis komoditas pangan mindhak, kalebet ugi regi brambang. Adhedhasar panyemak dhateng sawetawis peken tradisional ing wewengkon Klaten, Jawa Tengah, salah satunggalipun dhateng Peken Induk Klaten Kota, sampun kalih peken  regi brambang mindhak. Menawi sakawit regi brambang tigang dasa ewu rupiyah samangke mindhak dados seket ewu rupiyah. Sawetawis kadang bakul nelakaken, mindhakipun regi brambang punika awit dhateng sawetawis tlatah pemasok brambang kadosta dhateng Brebes lan Purbalingga, kathah ingkang gagal panen awit kaperbawan kawontenan cuaca ingkang awon lan tumempuhing bena. Tundhanipun pasudiyan barang ing peken winates satemah regi dados mindhak. Miturut pandugi regi brambang badhe saya mindhak awis tansaya nalika nyaketi pahargyan Natal lan warsa enggal.

Kejawi regi brambang, regi bawang ugi mindhak. Menawi sakawit regi bawang tigangdasa ewu rupiyah, samangke mindhak dados tigangdasa enem ewu rupiyah saben kilonipun. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.