Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pisang Raja Sewu Tundhunan 2 Meter

Pisang Raja Sewu Tundhunan 2 Meter

Klaten, www.jogjatv.tv – Dhateng sapinggiring Jalan Raya Yogya Solo, inggih punika ing Desa Sanggrahan,Prambanan,Klaten,Jawa Tengah, tuwuh satunggaling uwit pisang ingkang tundhunanipun langkung saking kalih meter. Uwoh pisang ing tundhunan punika katingal taksih alit dene tuntutipun ugi taksih wonten. Uwit pisang kasebat inggih jinis pisang rajasewu, ingkang dipun tanem kalih wulan kapengker. Awit kaelokan taneman kasebat pramila kathah warga ingkang kepengin nyatakaken kepara ugi kathah ingkang nglodhangaken wekdalipun kangge motret tundhunan pisang rajasewu kasebat.

Tundhunan pisang kasebat badhe mawoh sakalangkung kathah dene Sumardi ingkang gadhah uwit pisang nelakaken boten badhe nyade uwoh pisang gadhahanipun, sinaosa sampun suluh. Miturut petanganipun, tundhunan pisang kasebat badhe saya wimbuh panjang malih, saged ngantos langkung saking tigang meter. Sumardi nelakaken nalika nanem uwit pisang kasebat boten nyana menawi badhe tuwuh tundhunanipun langkung saking kalih meter,dene rumiyin bibit pisang punika anggenipun mbekta saking Blora, Jawa Tengah. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.