Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Para Pandhe Saged Nyekapi Kabetahan Petani

Para Pandhe Saged Nyekapi Kabetahan Petani

Purworejo, www.jogjatv.tv – Para pandhe ing Purworejo, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih saged nyekapi  kabetahan piranti olah tetanen. Awit saking punika, wontenipun rantaman impor pacul, badhe nuwuhaken kapitunan tumrap para pandhe ingkang sampun puluhan taun nekuni pakaryan kasebat.

Salah satunggaling pandhe, ing Desa Kebun Gunung, Loano, Sumarmo mratelakaken makarya minangka pandhe wiwit taun 1974 kabiyantu dening sekawan tenaga karya. Regi piranti olah tetanen damelanipun  ugi murwat. Pacul reginipun Rp 200.000,- , bendo lan arit Rp 40.000,- dene peso reginipun Rp 15.000,-. Miturut pemanggihipun, ngantos samangke para pandhe saged nyekapi kabetahan masyarakat pramila mboten perlu impor pacul. Warga Desa Kebun Gunung ingkang makarya dados pandhe taksih kathah pramila saged nyekapi kabetahan  petani antawisipun pacul, arit lan pecok. Saben dinten sabotenipun wonten 20 pelanggan ingkang ngadekaken piranti olah tetanen. ( Pambudi Nugraha )

 

Share this with friends

Comments are closed.