Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kementerian bumn ngepyakaken balkondes

Kementerian bumn ngepyakaken balkondes

Magelang, www.jogjatv.tv – Nalika pasang sela sepisanan  pambangunan Balai Ekonomi Desa -Balkondes ing Desa Tuksongo, Kecamatan Birobudur , Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, Menteri Badan Usaha Milik Negara (BUMN) Rini Soemarno, mrateakaken, Presiden Joko Widodo paring dhawuh supados sedaya elemen pemerintah biyantu pangrembakaning  papan  wisata ing Indonesia. Kangge mujudi gagasan wau, sedaya  BUMN tumemen ngrembakaken destinasi wisata  lumantar  Balkondes. Ngantos samangke wonten 11 desa saking 21 desa ing tlatah Borobudur ingkang sampun jinangkepan Balkondes.

Program Balkondes kaangkah sageda ngindakaken karaharjan   masyarakat ing sakiwa tengen candi borobudur sarta ngindakaken wawasan masyarakat minangka pelaku wisata. Menteri BUMN ugi badhe memitran kaliyan Kementerian Desa , Daerah Tertinggal dan Transmigrasi  amrih lampahing  program Balkondes laras kaliyan program Badan Usaha Milik Desa – BUMDes .

Jumbuh dhawuhipun Presiden Joko Widodo pangrembakaning  tiga destinasi wisata utama ingkang badhe dipun tengenaken inggih punika Danau Toba , Borobudur lan Mandalika. Supados saged ngindakaken cacahing wisatawan  20 yuta tiyang  ngantos taun 2019. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.