Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BBM Satu Harga Badhe Dipun Kepyakaken Wiwitan Taun 2017

BBM Satu Harga Badhe Dipun Kepyakaken Wiwitan Taun 2017

Magelang, www.jogjatv.tv – Menteri BUMN Republik Indonesia, Rini Soemarno, nedheng  cecawisan kepyakan  BBM Satu Harga dhateng saindhenging wewengkon  Indonesia ing wiwitan wulan Januari 2017. Pehakipun ngajab supados  PT Pertamina nanggel wragat transportasi ingkang miturut pamawasipun  njalari regi BBM dhateng sanjawining Pulo Jawa, awis.Nalika blusukan pembangunan Badan Perekonomian Desa dening Forum BUMN ing Warung Kopi Ngaran Ngisor, Desa Ngaran, Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, Menteri BUMN, Rini Soemarno, mratelakaken, kajawi ngajab supados  pertamina nanggel biaya pengiriman ingkang ngantos samangke dipun tanggel dening  pihak ke tiga, pehakipun ugi badhe pirembagan kaliyan kementerian ESDM lan kepolisian amrih rancagipun transportasi  BBM dhateng papan mencil antawisipun Papua, Kalimantan Tenggara lan pulo sanesipun.

Rini ngangkah, BBM Satu Harga sageda dipun kepyakaken jumbuh  rantaman Presiden Republik Indonesia, Joko Widodo, ing wiwitan  taun 2017. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.