Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sepeda Santai UPTD Pendidikan Bayat

Klaten, www.jogjatv.tv–UPTD Pendidikan Kecamatan Bayat, Klaten,, Jawa Tengah, dinten kemis (1/10) enjing, ngadani sepeda santai kangge mengeti Hari Kesaktian Pancasila. Kejawi punika UPTD pendidikan ugi grengseng ngajak tenaga pendidik supados tumemen nggulawentah siswa lan nebihi paham komunis sarta radikalisme. Mapan ing lapangan Bayat Klaten, sepeda santai dipun bidhalaken dening Sekretaris Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, Dirno.... {...}

Continue Reading →

Lomba Menghafal Teks Pancasila Tumrap Siswa SLB

Klaten, www.jogjatv.tv–Kangge mengeti Hari Kesaktian Pancasila, Sekolah Luar Biasa Santi Yoga, Klaten, Jawa Tengah, nggelar lomba menghafal teks pancasila lan nggambar lambang dalam sila pancasila. Sinaosa kawontenan badanipun winates, para siswa SLB tunagrahita kasebat saperangan apal sila pancasila. Lomba lumampah gayeng jalaran sawetawis pamupu lomba boten apal dhateng teks pancasila, kepara siswa lan guru,dados gumujeng.... {...}

Continue Reading →

Jaga Warga

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Minangka kupiya kangge ngindhakaken karaharjan masyarakat, Kesbanglinmas Daerah Istimewa Yogyakarta ndhapuk Jaga Warga ingkang ing tembenipun badhe ngadani maneka kridha kanthi ndayakaken masyarakat ngantos karang padhusunan. Mapan ing aula Kecamatan Wonosari, Kesbanglinmas Daerah Istimewa Yogyakarta, tembayatan kaliyan Kesbanglinmas Gunungkidul ngadani pepanggihan lan ndhapuk pengurus jaga warga kecamatan lan desa. Dhapukan jaga warga ndayakaken sedaya... {...}

Continue Reading →

DIY Ngangkah Produktivitas Pantun Mindhak

Bantul, www.jogjatv.tv–Kirangipun toya dhateng sawetawis tlatah ing DIY, njalari warga kangelan nyekapi kabetahan toya resik dene toya irigasi ugi winates. Kawontenan kasebat tetela boten njalari masyarakat dados nglokro. Ancaman puso jalaran kekirangan toya, saged dipun awekani kanthi maneka cara lan samangke para petani ingkang kacekapan irigasi, sampun wancinipun panen. Miturut Kepala Dinas Pertanian DIY, Sasongko,... {...}

Continue Reading →

Aos Dolar Mindhak, Petani Ulam Pasren Kuwatos

Sleman, www.jogjatv.tv–Anjlogipun aos rupiyah tumrap dolar, 2 wulan pungkasan, ngancam sektor usaha budidaya ulam pasren ing Diy. Menawi kawontenan punika lumampah dangu, petani ulam badhe kukut. Jalaran mindhakipun aos dolar, teleng budidaya ulam koi Dhusun Blendangan, Tegaltirto, Berbah Sleman kepeksa ngendeli impor indukan koi. Miturut Petani ulam koi, Santoso, wiwit aos dolar saya mindhak panyadening... {...}

Continue Reading →

Seleksi MTQ Tataran Kabupaten

Bantul, www.jogjatv.tv–Minangka cecawisan kangge ngadhepi Musabaqoh Tilawatil Quran ( MTQ ) pelajar tataran DIY, Pemkab Bantul dinten Rebo (30/9) enjing nindakaken seleksi dhateng atusan siswa SD , SMP , lan SMA, ingkang badhe majeng dhateng ajang kasebat. Atusan siswa SD, SMP , lan SMA perwakilan saking 17 kecamatan sa Kabupaten Bantul, dinten rebo enjing tumut... {...}

Continue Reading →

Rumah Singgah Usada Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv–Kangge mbiyantu anak didik, ingkang ugi anak jalanan sarta masyarakat sakiwa tengen, gayut kaliyan babagan kasarasan, Rumah Singgah Klaten Jawa Tengah ngadani usada lelahanan. Usada lelahanan dipun gelar dhateng Rumah Singgah, ingkang dumunung ing Tegal Blateran, Klaten Tengah, Klaten ,Jawa Tengah. Kanthi tembayatan kaliyan RSCH Klaten, saben taun, kanthi ajeg Rumah Singgah nindakaken misi... {...}

Continue Reading →

Kulawarga Pencak Silat

Sleman, www.jogjatv.tv–Sinaosa saweg gadhah bayi umur gangsal wulan, nanging boten nyurudaken gregetipun Adnan Abdulah lan Lia Aristantia tumut olahraga pencak silat. Salebeting PORDA kaping 13 taun 2015 ing Kabupaten Kulonprogo. Wiwit anem, Adnan Abdulah lan Aristantia pancen remen olahraga pencaksilat. Kepara sasampunipun mbangun balewisma, pasangan kulawarga, warga padhukuhan Bakungan, desa WEDOMARTANi, kecamatan Ngemplak ,Sleman punika... {...}

Continue Reading →

Kementan Kupiya Nikelaken Prodhuksi Pantun

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa nemahi pepalang awit mangsa ketiga panjang, nanging awit patembayatan maneka pehak, samangke petani saged nyuda raos kuwatos gagal panen. Para petani tetep saged panen raya ing mangsa ketiga lan ngasilaken pantun ingkang saged kangge nyekapi kabetahan masyarakat. Ancaman puso ing mangsa ketiga samangke, njalari masyarakat kuwatos badhe mindhakipun regi bahan pangan, mliginipun uwos.... {...}

Continue Reading →

Job Market Fair 2015

Klaten www.jogjatv.tv–Kangge nyuda angka pengangguran, Pemerintah Kabupaten Klaten nggelar malih Job Market Fair, dhateng Gedung Sunan Pandanaran. Salebeting Job Fair sadanguning kalih dinten. Para pencari kerja, ngebaki papan gumelaring Job Market Fair, Miturut Kepala Dinsosnakertran Klaten, Sugeng Haryanto, Job Market Fair kaping 3 samangke, nyawisaken ewonan lowongan saking 50 perusahaan, inggih lokal Klaten punapadene ing... {...}

Continue Reading →

Page 256 of 268