Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Jaga Warga

Jaga Warga

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Minangka kupiya kangge ngindhakaken karaharjan masyarakat, Kesbanglinmas Daerah Istimewa Yogyakarta ndhapuk Jaga Warga ingkang ing tembenipun badhe ngadani maneka kridha kanthi ndayakaken masyarakat ngantos karang padhusunan.

Mapan ing aula Kecamatan Wonosari, Kesbanglinmas Daerah Istimewa Yogyakarta, tembayatan kaliyan Kesbanglinmas Gunungkidul ngadani pepanggihan lan ndhapuk pengurus jaga warga kecamatan lan desa. Dhapukan jaga warga ndayakaken sedaya perangan masyarakat inggih punika tokoh masyarakat, tokoh pemuda lan tokoh agama. Salebeting kalodhangan kasebat, 3 kecamatan, inggih punika, Kecamatan Wonosari, Karangmojo lan Tanjungsari badhe ndhapuk pengurus sarta ngrantam maneka kridha tumrap masyarakat. Jaga Warga kridha ingkang dipun wragati dening APBD, dene ancasipun kangge mujudi karaharjan masyarakat, pramila panyengkuyung saking masyarakat sakelangkung dipun betahaken.

Jaga Warga inggih maneka kridha ingkang sedayanipun dipun pasrahaken dhateng masyarakat, rantaman kridha sarta wekdalipun dipun temtokaken dening masyarakat. Saderengipun, Jaga Warga sampun dipun biwarakaken dene samangke, kantun damel rencana kerja. Lumantar Jaga Warga kamanunggalan sarta katentreman warga saged kajagi.

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.