Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

DIY Ngangkah Produktivitas Pantun Mindhak

DIY Ngangkah Produktivitas Pantun Mindhak

Bantul, www.jogjatv.tv–Kirangipun toya dhateng sawetawis tlatah ing DIY, njalari warga kangelan nyekapi kabetahan toya resik dene toya irigasi ugi winates. Kawontenan kasebat tetela boten njalari masyarakat dados nglokro. Ancaman puso jalaran kekirangan toya, saged dipun awekani kanthi maneka cara lan samangke para petani ingkang kacekapan irigasi, sampun wancinipun panen.

Miturut Kepala Dinas Pertanian DIY, Sasongko, samangke pehakipun taksih ngetang produktivitas pantun taun 2015. Sinaosa nate kuwatos dhateng mandhapipun produktivitas jalaran badai el nino ingkang njalari kekirangan toya nanging nalika nyemak asil panen pantun dhateng sawetawis wewengkon, rumaos lega lan pitados produktivitas pantun taun punika, badhe mindhak tinimbang taun kapengker. Pola pikir sarta seserepan kadang tani tansaya sae, satemah saya tanggap lan ulet, ngadhepi maneka kawontenan. Sasongko gadhah pandugi, produktivitas pantun ing DIY taun punika, nggayuh 920 ewu ton gabah , mindhak 5 ewu ton tinimbang taun 2014 kapengker.

Sasongko ngajab supados para petani, mliginipun ingkang irigasinipun rancag, sasampunipun mangsa panen samangke, saged tumuli ngocal sabinipun, kangge nanem pantun malih. Dene tumrap kadang tani ingkang pasokan toyanipun winates kaajab sabar, utawi nanem palawija, ingkang umuripun cekak, dene menawi sampun tumapak mangsa rendheng nuli nanem pantun.

(Anang zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.