Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sepeda Santai UPTD Pendidikan Bayat

Sepeda Santai UPTD Pendidikan Bayat

Klaten, www.jogjatv.tv–UPTD Pendidikan Kecamatan Bayat, Klaten,, Jawa Tengah, dinten kemis (1/10) enjing, ngadani sepeda santai kangge mengeti Hari Kesaktian Pancasila. Kejawi punika UPTD pendidikan ugi grengseng ngajak tenaga pendidik supados tumemen nggulawentah siswa lan nebihi paham komunis sarta radikalisme.

Mapan ing lapangan Bayat Klaten, sepeda santai dipun bidhalaken dening Sekretaris Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, Dirno. Atusan guru lan karyawan sa UPTD Kecamatan Bayat tumut sepeda santai.

Salebeting kalodhangan kasebat, Dirno ngajab supados guru lan karyawan sa UPTD bayat, nggegulang siswa kanthi sae supados dados siswa ingkang luhur bebudenipun sarta ngajab supados para guru dan karyawan greget nglajengaken perjuanganipun para pahlawan lan nengenaken persatuan lan kesatuan amrih majenging nagari.

Dene ancasipun nggelar sepeda santai ugi kangge ngulinakaken para guru lan karyawan UPTD Bayat, supados greget olahraga. Olahraga, badhe ndayani kasarasan badan ingkang njurung rancaging kridha pamulangan sarta prestasi ingkang monjo .

(Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.