Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ziarah Dhateng Makam Pejuwang

Ziarah Dhateng Makam Pejuwang

Klaten, www.jogjatv.tv–Kangge ngenget-enget labuh labetipun para pejuwang ngrebat lan mbelani kamardikan sarta kangge mengeti Hari Kesaktian Pancasila, Muspika Kecamatan Bayat , ziarah dhateng pasareyanipun salah satunggaling pejuwang.

Ziarah dipun tindakaken dening Camat Bayat, Edy Purnomo ,kaampingi wakil Danramil Bayat, Pelda Suwarsono, warganing Babinsa sarta sawetawis kepala desa ing tlatah Bayat, Klaten, Jawa Tengah. Ziarah dipun tindakaken dhateng pasareyanipun pejuang kamardikan,   Letnan Dua Dukut, ing Gumuk Brumbung, Desa Krakitan, Bayat, Klaten. Letnan Dua Dukut, inggih pejuwang ingkang tumemen budidaya mujudi lan mbelani kamardikan Indonesia lan gugur salebeting paprangan taun 1947 .

Kajawi ziarah dhateng makam pejuang , ziarah ugi dipun tindakaken dhateng pasareyan cikal bakal Desa Krakitan, Bayat, Eyang Jati Kusumo , ing komplek makam kasebat. Hari Kesaktian Pancasila dados kalodhangan kangge ndunungaken para mudha supados boten lena ing kaprayitnan lan waspada dhumateng paham komunis. Raos tresna dhateng nusa bangsa kedah grengseng dipun tanemaken dhateng generasi penerus.

(Haryadi)

 

Share this with friends

Comments are closed.