Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Rumah Singgah Usada Lelahanan

Rumah Singgah Usada Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv–Kangge mbiyantu anak didik, ingkang ugi anak jalanan sarta masyarakat sakiwa tengen, gayut kaliyan babagan kasarasan, Rumah Singgah Klaten Jawa Tengah ngadani usada lelahanan.
Usada lelahanan dipun gelar dhateng Rumah Singgah, ingkang dumunung ing Tegal Blateran, Klaten Tengah, Klaten ,Jawa Tengah. Kanthi tembayatan kaliyan RSCH Klaten, saben taun, kanthi ajeg Rumah Singgah nindakaken misi sosial kesehatan masyarakat kanthi nggelar usada lelahanan. Bab punika kangge nggegulang anak didik rumah singgah supados migatosaken kasarasan badanipun. Anak didik Rumah Singgah Klaten samangke sampun gunggung 89 lare.
Rumah singgah, inggih wadhah utawi komunitas ingkang nggulawentah lan ngampingi anak jalanan ing Klaten, supados dados lare ingkang saras, lantip lan mandhiri. Sawardi, salah satunggaling warga nelakaken remen wontenipun usada lelahanan punika awit saged mriksakaken badanipun kanthi lelahanan. Sawardi ngajab, kridha kados makaten saged dipun gelar kanthi ajeg.
(Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.