Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Disperindagkop lan UKM DIY Nyengkuyung Kota Batik Dunia

Disperindagkop lan UKM DIY Nyengkuyung Kota Batik Dunia

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Dinas Perindustrian Perdagangan Koperasi dan UKM DIY badhe nggelar Festival Jogja Kota Batik Dunia. Ancasipun kangge ngajak masyarakat supados ngaosi bathik lan njurung Industri Kecil Menengah, nglestantunaken kerajinan batik berbasis budaya.

Ing Daerah Istimewa Yogyakarta wonten atusan Industri Kecil Menengah (IKM) batik ingkang sumebar dhateng Kota Yogyakarta, Kabupaten Bantul, Sleman, Gunungkidul, lan Kulonprogo. Kawontenan kasebat ndayani lestarining batik sarta ngindhakaken karaharjan masyarakat, gayut kaliyan cumawisipun kalodhangan pakaryan.

Miturut PLH Kepala Disperindagkop dan UKM DIY, Kadarmanto Baskara Aji, festival samangke ugi dados kalodhangan kangge biwarakaken dhateng masyarakat, bilih nalika taun 2014, DIY sampun dipun kukuhaken dening World Craft Council ( WCC) minangka Kota Batik Dunia. Pikukuhan kasebat, kaajab ndayani santosanipun DIY minangka Kota Batik Dunia lan dados panjurung tumrap perajin batik supados saya greget makarya satemah batik DIY unggul ngantos nagari ngamanca.

Festival Jogja Kota Batik Dunia taun 2015 badhe dipun gelar ing Museum Pagelaran Kraton Ngayogyakarta, wiwit tanggal 2 ngantos 6 Oktober. Rerangkening festival kawiwitan pameran Jogja Kota Batik Dunia wiwit tanggal 28 September ngantos tanggal 2 Oktober 2015.

(Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.