Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bhakti Sosial Pengetan Hari TNI

Bhakti Sosial Pengetan Hari TNI

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kodim 0734 Yogyakarta ngadani bhakti sosial lan bazar, kangge mengeti Hari TNI ingkang kaping 70 taun sarta ambal warsa ingkang kaping 65 Kodam IV Diponegoro, ngiras kangge ngenteng-entengi sesanggan masyarakat, salebeting nyekapi kabetahan baku.

Bhkati sosial lan bazar, mapan ing markas Kodim 0734 Kota Yogyakarta, dipun estreni dening atusan warganing TNI lan masyarakat. Salebeting kalodhangan kasebat, dipun cawisaken 400 paket sembako, isi uwos, mie lan lisah goreng.

Salebeting pengetan Hari TNI lan ambal warsa Kodam IV Diponegoro ugi dipun adani kridha donor darah, ingkang dipun sengkuyung dening sawetawis warganing ormas, masyarakat umum sarta warganing TNI, Polri. Angakhipun salebeting kridha donor darah kasebat, saged ngimpun 400 kantong darah.

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.