Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

WPAP Timnas Jerman Wohing Pakaryan Mahasiswa UNS

WPAP Timnas Jerman Wohing Pakaryan Mahasiswa UNS

Solo, www.jogjatv.tv – Kreatifitas badhe ndayani tetiyang kaloka lan dados sumber pamedal gesang. Awit daya kreatifitasipun, Gilang Bogy Indiana Saputra, mahasiswa Fakultas Ekonomi Bisnis, Universitas Sebelas Maret (UNS) Kitha Surakarta, Jawa Tengah, damel desain  foto 24 pemain Timnas Sepak Bola Jerman,  cakrik Wedhas Pop Art Portrait (WPAP) kangge gambar  wadah  salah satunggaling produk unjukan internasional, ingkang dipun sade ing Jerman. Kangge damel foto Andre Schurrle sakanca, betahaken wekdal sewulan dene saben foto,  wedkalipun 4 jam ngantos 2 dinten.

WPAP inggih  desain kanthi eknik narik garis lurus ngantos wujud bidang-bidang mirunggan sarta kanthi teknik pewarnaan ingkang sami kaliyan  obyekipun.

Wiwit tepang WPAP taun 2013 kapengker, Gilang Bogy tansah ndayakaken kasagetanipun lumantar forum-forum diskusi WPAP,  lan asring tumut maneka lomba.

Gilang Bogy asring nampi welingan saking sawetawis nagari, antawisipun Amerika Serikat, Rusia, Jerman lan Israel. Awit saking punika, wiwit taun 2013,  Gilang Bogy saged ngragati kuliah piyambak. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.