Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bazar Rasukan Mirah

Bazar Rasukan Mirah

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Atusan warga sakiwa tengen Kompleks Kepatihan Ngayogyakarta, dinten Rebo (22/6) siyang rebatan rasukan rombengan, regi sewu rupiyah ngantos sekawan ewu rupiyah saben iji. Supados waradin, saben warga dipun watesi tumbas rasukan tigang iji.

Redana ingkang kaimpun saking panyadening rasukan rombengan  sumbangan saking para Pegawai Negeri Sipil ing Kompleks Kepatihan kasebat badhe dipun sumbangaken panti asuhan.

Kajawi ngadani bazar rasukan mirah, Dharmawanita Persatuan DIY ugi ngedum 174 paket sembako pengaos Rp.100.000,00 tumrap berah gendong lan warga miskin. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.