Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

MEA Nuwuhaken Kapitunan Tumrap Indonesia

MEA Nuwuhaken Kapitunan Tumrap Indonesia

Kota Yogyakarta, www.jogjatyv.tv – Pasar bebas Masyarakat Ekonomi Asean (MEA) ingkang lumampah wiwit pungkasan Wulan Desember taun 2015 dados salah satunggaling  kawigatosan tumrap kalangan akademisi. Bab wau awit  Indonesia kawawas dereng sawega pramila  nagari badhe kapitunan jalaran kathahipun tenaga ngamanca ingkang mlebet. Raos kuwatos awit lampahing MEA punika, dipun telakaken dening Mujidin, salah satunggaling narasumber salebeting diskusi  antawisipun jajaran rektorat UAD, pengajar lan awak media, dinten Selasa (21/6) sonten. Miturut Mujidin maneka kupiya ingkang kedah dipun tindakaken dening pawiyatan luhur samangke, inggih ngecakaken  sistem pendidikan standarisasi Asean supados para mahasiswa gadhah mental lan wawasan Asean. Menawi bab wau boten dipun lampahi, sektor industri lan pendidikan Indonesia badhe kawon kaliyan nagari sanes, antawisipun Malaysia lan Singapura.

Wondene miturut pamigatos pendidikan, Jumintono,  MEA badhe dados perkawis enggal, wimbuhipun pengangguran, mliginipun lulusan SMK. Bab wau boten uwal saking kawicaksanan pemerintah ingkang langkung kathah suka kalodhangan tumrap sekolah kejuruan SMK tinimbang SMA. Awit saking punika dipun betahaken  bebadan ingkang nyambetaken industri kaliyan jagat pendidikan. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.