Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyuda Kapitunan,Taneman Pantun Dipun Degaken

Nyuda Kapitunan,Taneman Pantun Dipun Degaken

Klaten, www.jogjatv.tv – Jawah deres sawetawis dinten kapengker, njalari atusan hektar taneman pantun ing Klaten,Jawa Tengah keblabak bena. Taneman pantun ingkang kalih minggu ngajeng badhe dipun panen rebah. Kangge nyuda kathahing kapitunan petani ing Desa Mlese, Kecamatan Cawas Klaten Jawa Tengah, kupiya  ngedegaken pantun ingkang rebah, jalaran keblabak bena 4 dinten pungkasan. Taneman pantun dipun tangsuli supados boten bosok jalaran dangu kembengan toya lan badhe  dipun panen 2 minggu malih. Wonten puluhan hektar taneman pantun ingkang rebah, antawisipun dhateng sawetawis desa ing Kecamatan Cawas lan Trucuk. Salah satunggaling petani, Purwo Martono mratelakaken, taneman pantun rebah jalaran keblabak bena lan katiyup barat ageng. Kawontenan kasebat njalari para petani nandhang kapitunan awit kathah gabah ingkang rontok lan bosok jalaran kembeng toya.

Bab sami ugi dipun telakaken dening Mariem, sampun sekawan dinten ngedegaken taneman pantun ingkang rebah awit menawi boten dipun degaken  asil panenipun badhe suda kathah. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.