Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pohon Perindang Badhe Dipun Tegor

Pohon Perindang Badhe Dipun Tegor

Bantul, www.jogjatv.tv – Kupiya pemerintahan enggal kangge mujudi ewah-ewahan ing  Bantul saya dipun grengsengaken. Kawicaksanan enggal gagasan  Bupati Bantul, Suharsono punika, pancen ngedab-edabi.Jalan Jenderal Sudirman ingkang papanipun edhum badhe dipun tata malih.  Pohon perindang badhe dipun tegor sedaya saderengipun lebaran. Gagasan negori pohon perindang punika, awit  pamrayogi saking maneka pehak ingkang mawas, bilih  pohon perindang ingkang ageng-ageng kasebat sakelangkung bebayani tumrap warga.Wit-witan sepuh punika, mutawatosi rebah, menawi katiyup barat ageng.

Suharsono ngrantam, badhe ngewahi Jalan Jenderal Sudirman dados 2 jalur kanthi dipun watesi taman. Kejawi punika, dhateng sangajeng Peken Bantul ugi badhe  dipun bangun taman melingkar lan grengsengaken car freeday ing dinten Minggu. Sinaosa nengenaken kawilujengan  tumrap warga ingkang langkung, nanging kawicaksanan punika taksih nuwuhaken pitakenan sawetawis pehak.Negori pohon perindang, badhe njalari swasana kirang edhum kepara icalipun paru-paru kota. ( Anang Zainuddin )

 

Share this with friends

Comments are closed.