Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Ulam Lele Mindhak

Regi Ulam Lele Mindhak

Sleman, www.jogjatv.tv – Dungkap lebaran samangke boten namung daging lembu lan daging ayam kemawon ingkang mindhak. Regi ulam lele saking petani  ugi mindhak. Sawetawis bakul ulam lele ing Sleman mratelakaken, saderengipun Romadhon regi ulam lele saking petani ing Sleman Rp.14.000,00-Rp.15.500,00 saben kilo nanging wiwit tumapak Wulan Romadhon, regi ulam mindhak lan samangke nggayuh  Rp.16.000,00-Rp.16.500,00 dene regi ulam lele ing peken tradisional Rp.22.000,00 saben kilonipun. Miturut bakul ulam lele, Sudaryanto, regi ulam lele ing Wulan Romadhon samangke mindhak awit kabetahan konsumen tikel dene  pasokan winates awit sudanipun peternak ulam lele ing Sleman.

Miturut Sudaryanto samangke peternak lele suda awit regi pakan mindhak dene  regi ulam lele popog. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.