Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Kaajab Gesang Prasaja

Warga Kaajab Gesang Prasaja

Sleman, www.jogjatv.tv – Regi kabetahan baku ing  saben Wulan Romadhon kados samangke prasasat mindhak. Nalika nyemak gumelaring pasar lebaran ing pelataran  Kantor Disperindagkop Sleman, dinten Selasa (20/6) siyang, Bupati Sleman, Sri Purnomo mratelakaken, wiwit jaman kawuri,  saben Wulan Romadhon regi kabetahan baku mindhak awit nalika nindakaken ibadah siyam, komsusmsi masyarkat mindhak kamangka yektinipun miturut piwucal  Agama Islam, siyam tegesipun dede ewahipun wekdal utawi  pola makan nanging dados kalodhangan kangge ngindakaken  iman lan taqwa. Awit saking punika, Sri Purnomo, ngajab Umat Islam gesang kanthi prasaja supados regi kabetahan baku murwat.

Kajawi punika, Sri Purnomo ugi suka pamrayogi supados  warga mahargya  lebaran kanthi prasaja amrih boten nuwuhaken kapitunan tumrap diri pribadhi. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.