Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sanggar Studio Biru

Sanggar Studio Biru

Sleman, www.jogjatv.tv – Kawitanipun dados papan kangge mulihaken psikologi lare korban lindhu taun 2006. Samangke Sanggar Studio Biru ngrembaka dados kapustakan tumrap Warga Dhusun Sengir,Sumberharjo,Prambanan,Sleman. Wontenipun  sanggar berbasis perpustakaan punika, wigati  kangge njurung pangrembakaning lare. Maneka  koleksi buku sumbangan saking para donatur, dipun tanjakaken kangge nggegulang ngelmi tumrap lare kajawi pendidikan ing sekolah.

Sanggar boten namung piguna tumrap lare-lare nanging ugi tumrap sedaya  warga dusun. Kajawi cumawis maneka koleksi buku, sanggar ugi jinangkepan internet.

Wiwit madeg, nembe setaun punika, pikantuk kawigatosan saking pemerintah  kanthi ngidini  maneka kridha ingkang dipun gelar.  Sanggar inggih  griya kaping 2, tumrap lare kangge ndayakaken  kasagetan salebeting kridha  olah seni, maos lan literasi amrih dados lare ingkang mumpuni. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.