Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Kabiyantu TNI Ndandosi Tanggul

Warga Kabiyantu TNI Ndandosi Tanggul

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Desa Babadan, Kecamatan Karangdowo, Kabupaten Klaten, dinten Kemis (11/2) enjing gotong – royong ndandosi tanggul Lepen Bloro ingkang longsor jalaran katrajang bena.

Tanggul kasebat longsor jalaran debit toya mindhak awit sadanguning tigang dinten jawah nggrejih. Jugrugipun tanggul Lepen Bloro mutawatiri tumrap griyaning warga ingkang dumunung ing sacelak lepen. Awit saking punika tanggul kasebat tumuli dipun dandosi kanthi dipun patoki deling lan siti ingkang dipun wadahi karung.

Kades Babadan, Jarodi, mratelakaken pehakipun sampun ngajengaken bantuwan redana kangge mbangun dam utawi bendungan kangge ngawekani bena. Nalika mangsa ketiga bendungan kasebat saged dipun tanjakaken kangge irigasi.

(Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.