Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tasyakuran Hari Pers Nasional 2016

Tasyakuran Hari Pers Nasional 2016

Purworejo, www.jogjatv.tv – Para juru warta Purworejo ingkang manunggal dados warganing Pewarta Purworejo, nggelar tasyakuran Hari Pers Nasional mapan ing pendhapi Rumah Dinas Bupati Purworejo, dinten Selasa (11/2). Tasyakuran dipun rawuhi dening Pejabat Bupati Purworejo, Agus Utomo , Bupati Pinilih, Agus Bastian , Muspida , dinas ingkang kawogan, tokoh masyarakat sarta tamu sedhahan. Pengetan hari pers nasional, kawiwitan dedonga sesarengan, kalajengaken pagas tumpeng dening Pejabat Bupati Purworejo dipun pasrahaken dhateng Ketua Pewarta Purworejo , Hantoro.

Miturut Agus Utomo, juru warta suka pisumbang ageng tumrap lampahing pambangunan, lumantar liputanipun. Bab wau nedahaken bilih juru warta dados kekiyatan kaping sekawan sasampunipun eksekutif, legislatif lan yudikatif wondene Agus Bastian nderek mangayubagya Hari Pers Nasional, ingkang dipun pengeti saben tanggal 9 Februari lan ngajab kebebasan pers sageda ngindakaken kiprahipun ing babagan pambangunaningkang murakabi tumrap warga Purworejo sumrambahipun Bangsa Indonesia.

Pewarta Purworejo ngaturaken tandha netra dhumateng pejabat bupati, bupati pinilih lan FKPD ingkang tansah suka kalodhangan kangge liputan lan nyengkuyung kridhaning Pewarta Purworejo .

( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.