Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BPBD Kota Nyemak Lepen Lumantar CCTV

BPBD Kota Nyemak Lepen Lumantar CCTV

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Cuaca ektrem lan bena dhateng maneka tlatah njalari BPBD Kota Yogyakarta kedah nikelaken kawaspadan. Supados langkung gampil kangge nyemak ilenan lepen, BPBD nanjakaen CCTV. Warga ingkang mapan ing bantaran lepen kaajab tansah waspada dhateng bena ingkang saged tumempuh sawanci-wanci.

Punika sawetawis komputer ingkang sambet kaliyan CCTV ingkang dipun ginakaken BPBD Kota Yogyakarta kangge nyemak sawetawis ilenan lepen. Kawontenan ilenan lepen saben wekdal dipun semak dening petugas, awit kawontenan cuaca ingkang boten kantenan sarta kathahing bena dhateng sawetawis tlatah. Salah satunggal petugas bpbd kota yogyakarta suyatman mratelakaken, kanthi CCTV punika badhe nggampilaken panyemaking kawontenan ilenan lepen ing saben wekdalipun. Kejawi kanthi CCTV ing kantor BPBD Kota Yogyakarta ingkang dumunung ing komplek balaikota, ugi jinangkepan piranti sanes kadosta Early Warning Sistem ( EWS ) lan alat pengukur ketinggian air telemetri. Wondene gunggung CCTV ingkang dipun pasang inggih enem unit. Tigang unit dipun pasang dhateng lepen code, setunggal unit ing lepen boyong dhateng pos ngentak lan ing lepen winanga dipun pasang kalih unit dhateng kalih titik.

Kejawi BPBD, salebeting kawontenan cuaca ektrem samangke, masyarakat ugi kaajab tumut nyemak kawontenan papanipun piyambak piyambak lan menawi dumados musibah alam kadosta bena, longsor utawi kabesmen, tumuli sesambetan kaliyan BPBD Kota Yogyakarta.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.