Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Coklat Pintar Pegagan

Coklat Pintar Pegagan

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kelompok wanita tani ( KWT ) gendhis pawon rekadaya damel coklat kanthi bahan baku mocaf lan ron pegagan. Kejawi miraosing coklat racikan herbal ron pegagan dipun pitados ugi saged kangge nutrisi otak.

Mapan dhateng Dhusun Salakmalang, Desa Banjarharjo, Kecamatan Kalibawang, Kulon Progo, coklat pintar pegagan dipun damel dening para ibu ingkang manunggal salebeting KWT gendhis pawon. Maneka jinis gatra coklat cumawis, wiwit saking gatra love dhateng sendhok, kombinasi coklat putih, ngantos coklat mawar lan bal ingkang dipun wungkus alumunium foil. Coklat pintar saking kalibawang punika ugi mawi racikan herbal ron pegagan ingkang gadhah daya kasiat kangge nutrisi otak, dene mocaf utawi glepung tela ingkang sampun dipun fermentasi mutunipn langkung sae tinimbang glepung gandum limrahipun.

Cara damelipun inggih sami kaliyan cara damel coklat limrahipun, dene racikanipun mawi resep mirunggan satemah coklat punika langkung miraos. Toping maneka warni ugi mahanani coklat pegagan katingal saya endah. Welingan lan panyadening coklat padatan mindhak nalika ndungkap dinten valentine. Menawi dinten padatan namung ngocal coklat gangsal kilo, ndungkap valentine samangke sabotenipun ngocal kalihdasa kilo ing saben dintenipun.

Regi coklat pegagan kapetang murwat. Kangge cokelat pintar pegagan kemasan transparan isi 3, reginipun Rp. 10.000, ingkang isi sekawan Rp.13.000. Sendok warna saben iji reginipun Rp.8000 – Rp.9.000, cokelat hati kalih werni Rp. 7.000, wondene cokelat motif salebeting kemasan aluminium foil isi tiga Rp. 6.000. ( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.