Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Cangkringan Kekirangan Toya Resik

Warga Cangkringan Kekirangan Toya Resik

Sleman, www.jogjatv.tv – Mangsa ketiga panjang, saya kathah tlatah Kabupaten Sleman ingkang kekirangan toya. Sawetawis padukuhan ing Kecamatan Cangkringan Sleman, samangke ugi kekirangan toya. Kawontenan kasebat dados kawigatosan maneka pehak. Awit saking punika Paguyuban Mitra Kerja Usaha Kesejahteraan Sosial DIY lan PMI Sleman suka bantuwan toya resik dhateng warga Padukuhan Gading , Desa Glagaharjo, Kecamatan Cangkringan Sleman.

Bantuwan toya dipun pasrahaken dhateng Camat Cangkringan, Edi Harmana. Miturut ketua Pamika Ukesos DIY, Sri Pardiyati Suprapto, 10 tangki toya dipun pasrahaken kangge biyantu warga kecamatan   cangkringan ingkang samangke kekirangan toya resik.

Miturut Camat Cangkringan, Edi Harnawa, mangsa ketiga samangke,   5 padukuhan ing tlatah Desa Galagaharjo, Kecamatan Cangkringan, kekirangan toya, inggih punika Padukuhan Gading, Jetis Sumur, Glagah Malang, Ngancar lan Banjar Sari. Awit saking punika, warga ing wewengkon kasebat sakelangkung betahaken bantuwan toya saking maneka pehak.

Bantuwan toya kasebat dipun tampi kanthi remen dening warga Padukuhan Gading. Kajawi kekirangan toya, ngantos samangke warga ugi dereng gadhah bak tandhon toya. Awit saking punika warga ngajab dipun damelaken bak tandhon toya. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.