Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Ngarak Siwur

Upacara Ngarak Siwur

Bantul, www.jogjatv.tv – Wiwit jaman kawuri, tradisi nguras enceh dipun tindakaken ing astana Imogiri. Saderengipun nindakaken upacara nguras enceh, abdi dalem jurukunci Ngayogyakarta lan Surakarta nggelar upacara ngarak siwur. Anut pangrembakaning jaman , samangke kirab siwur dipun sengkuyung dening sedaya kelurahan ing Kecamatan Imogiri .

Upacara ngarak siwur kawiwitan, kanthi nindakaken upacara ing terminal Imogiri, dipun pandegani dening Kepala Dinas Kebudayaan DIY, Umar Priyono , dipun estreni dening abdidalem jurukunci Kasultanan Ngayogyakarta , Surakarta , bregodo kaprajuritan lan wakil masyarakat saking 7 kelurahan ing Imogiri.

Sasampunipun upacara, mboko setunggal bregodo mlampah tumuju parkiran Astana Imogiri Sinaosa hawa sakelangkung benter, nanging boten nyurudaken gregeting warga, kangge ngestreni lampahing kirab dene warga ketingal jejel riyel dhateng sauruting margi ingkang dipun langkung pasarta kirab. Beda kaliyan taun kapengker, kirab samangke ugi dipun estreni dening Korsik Kasultanan Surakarta inggih abdidalem jurukunci Puralaya .

Miturut Camat Imogiri , Sigit Subroto upacara ngarak siwur dipun tindakaken wiwit jaman Mataram, dening   abdidalem jurukunci Surakarta lan Ngayogyakarta nanging sampun 17 taun pungkasan, upacara dipun gelar kanthi ndayakaken masyarakat. Upacara ngarak siwur dipun tindakaken sedinten saderengipun upacara nguras enceh ing Astana Imogiri dipun tindakaken saben dinten Jemuwah Kliwon utawi Selasa Kliwon ing Wulan Sura. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.