Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Adat Bathok Bolu Alas Ketonggo

Upacara Adat Bathok Bolu Alas Ketonggo

Sleman, www.jogjatv.tv – Saben tanggal 10 Sura penanggalan jawa Warga Dhusun Sambiroto ,Desa Purwomartani Kecamatan Kalasan Sleman ngadani upacara adat Bathok Bolu alas Ketonggo . Taun punika Upacara dipun tindakaken malem Jemuwah(22/10)kawiwitan kirab budaya ngarak tirta panguripan sarta gunungan wulu wedaling bumi, bidhal saking masjid tumuju Kraton Batkok Bolu alas Ketaoggo.   Sasampunipun dumugi Kraton Bathok Bolu, sedaya ubo rampe dipun pasrahaken dhateng juru kunci nuli dipun bekta dhateng pundhen. Salajengipun Kepala Desa Purwomartani magas tumpeng , dipun pasrahaken dhateng   ulama Umarul Yahya Al Faruk, dene gunungan kangge rayahan warga.       Salajengipun dipun adani pagelaran beksan, ingkang nyariyosaken mula bukanipun Kraton Bathok Bolu alas Ketonggo. Duking uni, tlatah Sambiroto inggih wana gung liwang liwung , ingkang sinebat Kraton Bathok Bolu, papanipun jin Ratu Ayu Wijaya Kusuma. Ratu jin   kasebat   wusananipun kasil dipun telukaken dening Sujono utawi Pangeran Ganthi, inggih Putra Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono v.

Miturut Kepala Desa Sambiroto Tugiran, kirab budaya upacara adat Bathok Bolu inggih rerangken merti dusunminangka pratelan raos syukur warga dhumateng gusti ingkang akarya jagaddene pucaking kridha dipun adani pasugatan ringgit purwa sedalu natas. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.