Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tasyakuran Merti Kampung

Tasyakuran Merti Kampung

Sleman,www.jogjatv.tv – Saksampunipun tigangdasa tahun wewengkon Tambakboyo kangge papan dunung, dinten kemis (22/10)sonten, warga Padhukuhan Tambakboyo ngadani tasyakuran merti kampung. Lampah adat menika nembe sepisan dipun adani dening warga kanthi pangangkah supados papan dunungipun tansah manggih katentreman lan pangayoman saking pangeran. Kawiwitan kanthi atur donga panuwun warga lajeng ngadani kendhuri sarta ngintun dhateng pasareyanipun Kyai Tambakboyo.

Lampah adat tasyakuran dipun adani dening warga ingkang mapan ing Kampung Tambakboyo, Dero,Condongcatur, Depok Sleman kanthi ngadani kendhuri, mapan ing margi sangajeng pasareyanipun Kyai Tambakboyo. Sinaosa nembe sepisan menika ngadani lampah adat tasyakuran merti kampung, pranyata katingal greget panyengkuyungipun warga dhateng lampah upacara adat kasebat. Maneka ubarampe rinakit dening saben rt ingkang mapan ing Kampung Tambakboyo minangka pratelan atur panuwunipun warga dhateng gusti ingkang akarya jagad. Saparipurnanipun kendhuri lan kembul sesarengan, sesepuh warga Tambakboyo lajeng ngintun dhateng pasareyanipun Kyai Tambakboyo, pundhen dhusun ingkang miwiti bebadra ing Kampung Tambakboyo.

Salebeting lampah adat merti kampung , katingal guyub rukunipun warga ingkang nyengkuyung lampah adat kasebat. Ingkang narik kawigatosan, sinaosa mapan ing sakcelakipun kitha, pranyata lare-lare ing Kampung Tambakboyo taksih gadhah kawigatosan dhateng ringgit purwa. Nalika para peniti gangsa lan ringgit nyawisaken papan kangge nggelar ringgit purwa, sawetawis lare katingal remen dolanan ringgit ingkang badhe kasimping.

Miturut Sesepuh warga tambakboyo, Suharsono, lampah adat tasyakuran merti kampung kasebat mujudaken swadaya masyarakat lan dipun angkah badhe dipun adani saben 5 taun sepisan.

Sasampunipun maneka lampah upacara adat paripurna, pinangka pucakipun dipun gelar pasugatan ringgit purwa sedalu natas, kanthi lampahan Semar Bangun Kahyangan, ingkang dipun tindakaken dening Ki Suparman Saking Sentolo Kulonprogo. ( Andhi Wisnu )

Share this with friends

Comments are closed.