Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Nguras Enceh Astana Imogiri

Upacara Nguras Enceh Astana Imogiri

Bantul, www.jogjatv.tv – Saben wulan Sura, pinuju dinten jemuwah kliwon utawi Selasa kliwon, abdidalem jurukunci Astana Imogiri, nindakaken upacara nguras enceh. Genthong ageng tilaran jaman Sultan Agung Hanyakrakusuma kasebat dipun kuras, dipun resiki lan dipun gantos toya resik enggal.

Saderengipun upacara nguras enceh kawiwitan, para abdi dalem juru kunci Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat tahlilan lan dzikiran. Abdidalem Surakarta tahlilan dhateng bangsal supit urang iring wetan dene abdidalem Kasultanan Ngayogyakarta tahlilan ing bangsal supit urang iring kilen. Kajawi punika para abdi dalem ugi nyawisaken ubarampe kangge nguras enceh .

Abdi dalem Ngayogyakarta nguras enceh Kiai Danumaya saking Aceh lan Nyai Danu Murti saking Palembangkanthi dipun pandegani dening penghageng Kasultanan Ngayogyakarta, KRT Hasto Ningrat dene Abdidalem jurukunci Surakarta nguras enceh Kiai Mendung saking Istambul, Turki lan Nyai Siyem saking Siam, Thailand.

Ing jaman kawuri, upacara mligi dipun tindakaken dening abdidalem jurukunci kemawonnanging samangke masyarakat ugi dipun sukani kalodhangan ngestreni upacara nanging kedah nuhoni pranatan ingkang wonten.Sasampunipun upacara paripurna toya kurasan enceh kangge rebatan warga. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.