Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Umat Islam Nindakaken Sholat Idul Adha

Umat Islam Nindakaken Sholat Idul Adha

Sleman, www.jogjatv.tv – Umat Islam Jamaah Muhamadiyah Kabupaten Sleman, nindakaken Sholat Idul Adha, dhateng sawetawis papan, dinten Rebo (23/9),

antawisipun dhateng Lapangan Sendangrejo Kecamatan Minggir, Lapangan Warak Kecamatan Mlati, Lapangan Harjo Binangun Kecamatan Pakem, Lapangan Rejondani Kecamatan Ngaglik sarta Lapangan Denggung Sleman.

Sholat Idul Adha ing Lapangan Denggung Sleman, dipun estreni dening ewonan Umat Islam Jamaah Muhamadiyah saking sawetawis wewengkon Sleman dene ingkang jumeneng imam lan khotib, inggih mantan warganing DPRD Sleman Farkhan Harim. Salebeting khotbahipun, Farkhan Harim ngandharaken, korban inggih salah satunggaling kewajiban tumrap Umat Islam. Awit saking punika, kurban kedah dipun tindakaken kanthi ikhlas, kados ingkang dipun tindakaken dening Nabi Ibrahim lan Ismail.

Dene dinten Rebo siyang, Penjabat Bupati Sleman Gatot Saptadi masrahaken bantuwan lembu kurban, dhateng jemaah Hidayatul Mutaqim ing Padukuhan Mansel, Kecamatan Seyegan Sleman. Pehakipun suka bantuwan lembu kurban dhateng warga ing wewengkon kasebat, awit saperangan warganipun inggih warga miskin. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.