Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa Sma 1 Karangnongko Nindakaken Kurban

Siswa Sma 1 Karangnongko Nindakaken Kurban

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Wiwit enjing pengurus OSIS kanthi dipun biyantu dening para siswa, mragad kewan kurban, setunggal lembu lan setunggal menda.Sasampunipun dipun pragad lan dipun pantha-pantha, daging kewan kurban kasebat tumuli dipun dumaken dhateng para warga ing sakiwa tengen sekolahan.Ketua OSIS SMAN 1 Karangnoko, Jelang Ramadan mratelakaken,ancasipun kurban dhateng sekolah punika minangka sarana pasinaon nggegulang gotong royong lan ngrembakaning jiwa sosial tumrap para siswa, minangka sangu nalika kadhapuk dados panitia kurban ing tembe.

Kejawi dipun dumaken dhateng warga sakiwa tengen sekolahan, daging kurban ugi dipun tanjakaken kangge lomba masak antar kelas.Saben kelas kedah masak satunggaling masakan kanthi bahan baku daging lembu.Dene ancasing lomba masak punika kangge ngasah kreatifitas siswa, mliginipun tumrap para siswa Jurusan Tata Boga.Hery Wuyanto, Kepala SMA Negeri 1 Karangnoko ngajab, kridha punika sageda nggegulang jiwa lila legawa tumrap para siswa, ngiras minangka praktek mragad lan ngedumaken daging kurban dhateng ingkang wenang nampi.

Purwanto

Share this with friends

Comments are closed.