Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Terowongan Batubara Mbah Soero

Terowongan Batubara Mbah Soero

Sawahlunto, www.jogjatv.tv – Tumrap panjengengan ingkang remen wisata, prayogi tindak dhateng Kitha Sawahlunto, Provinsi Sumatra Barat. Ing papan kasebat, wisatawan saged ningali terowongan batu bara tilaran jaman Walandi, inggih punika Terowongan Mbah Soero, ingkang elok.

Ing Kitha alit ingkang wiyaripun 27,345 hektare, kathah wewangunan sejarah cakrik Walandi, ingkang ngantos samangke taksih lestari. Kitha sepuh kasebat, ugi dados seksi, sejarah kucaraning batu bara ing Nuswantara. Kaendahan sesawangan kitha kasebat, saged dipun tingali saking nginggil.

Ing Kitha Sawahlunto wonten terowongan batu bara ingkang samangke dipun tanjakaken kangge papan wisata. Terowongan kasebat namanipun Terowongan Mbah Soero utawi Lobang Tambang Mbah Soero. Terowongan punika dumunung ing Lembah Soegar lan mujudaken tambang batubara sepisanan ing Indonesia ingkang dipun bikak taun 1898 sasampunipun W.H van de Greeve manggihaken batubara ingkang sae mutunipun ing taun 1867. Salajengipun ing papan kasebat dipun bangun rel sepur, pelabuhan Teluk Bayur lan pabrik Semen Padang.

Terowongan mbah soero panjangipun 100 meter , dipun bangun dening buruh rantai, ingkang mandoripun inggih Mbah Soero. Awit sakung punika, Mbah Soero samangke kangge nama terowongan kasebat. Mbah Soero inggih   keturuan raja saking Blora, Jawa Tengah ingkang dipun asingaken Walandi dhateng Sawahlunto lajeng dipun sukani nama bangsawan, Raden Kohar. Terowongan Mbah Soero dipun kepyaken dados papan wisata taun 2007 ingkang saya mimbuhi kaskaya wisata batu bara lan budaya ing Sawahlunto. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.