Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taneman Klengkeng Itoh Trep Dipun Tanem Ing Ngare

Taneman Klengkeng Itoh Trep Dipun Tanem Ing Ngare

Klaten, www.jogjatv.tv – Taneman klengkeng, limrahipun dipun tanem dhateng dataran tinggi. Sinaosa makaten, taneman Klengkeng Itoh Super tetela trep dipun tanem dhateng ngare.awit saking punika, Isto Suwarno, warga Pamukti Baru, Desa Tlogo, Kecamatan Prambanan Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, greget budidaya klengkeng kasebat. Bibit taneman Klengkeng Itoh Super inggih saking Thailand,.Kelengkeng itoh super langkung unggul tinimbang kelengkeng sanes, winihipun alit, dagingipun kandel lan raosipun manis,umur 2 taun sampun saged dipun panen sarta trep dipun rembakaken dhateng ngare.   Kajawi ngrembakaken taneman Klengkeng Itoh Super, Isto Suwarno ugi nindakaken   pembibitan , kangge ngladosi masyarakat ingkang badhe nanem klengkeng.

Nalika nyemak taneman Klengkeng Itoh Super, warganing DPR RI, Siti Hediati Soeharto rumaos   gumun dhateng woh klengkeng kaseba lan ngajab supados taneman kasebat dipun rembakaken dhateng wewengkon sanes, supados Indonesia boten ngimpor woh klengkeng saking nagari ngamanca. (SUBARDI)

Share this with friends

Comments are closed.