Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Takbir Keliling Kecamatan Pakualaman

Takbir Keliling Kecamatan Pakualaman

Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Kangge mahargya Dinten Riyadi Idul Adha 1436 Hijriyah, Badan

Koordinasi TKA,TPA,TQA rayon pakualaman nggelar takbirkeliling, selasa (22/3). Takbir keliling bidhal saking lapangan Sewandanan Pakualaman, langkung Jalan Suryo Pranoto, Jalan Purwanggan, Sarta Jalan Gadjah Mada. Atusan pasarta takbir keliling katingal greget ngumandhangaken asma Allah SWT. Takbir keliling dipun gelar kanthi prasaja, tanpa rerenggan maneka warni punapa dene lampion. Sinaosa makaten, bab wau boten nyurudaken gregeting pasarta kangge ngumandangaken takbir.

Lumantar   takbir keliling , umat muslim kaajab tansah caket dhumateng Allah SWT, sarta dados kalodhangan  kangge nyupeketaken ukhuan islamiyah ing antawisipun uimat muslim slan ngrumaketaken silaturahmi ing madyaning masyarakat. (TWIN KUMILAH )

Share this with friends

Comments are closed.