Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Sata Dereng Cetha, Petani Sata Was Sumelang

Regi Sata Dereng Cetha, Petani Sata Was Sumelang

Klaten, www.jogjatv.tv –Dereng gumathokipun regi sata saking pabrik ses, njalari petani sata ing Kecamatan Gantiwarno was sumelang kepara saperangan petani boten greget panen sata sepisanan jalaran reginipun mirah. Awit saking punika, petani sata namung pasrah dhateng kawontenan. Miturut petani sata wragat tanem samangke nggayuh Rp 10 yuta ewa semanten dereng wonten pabrik ses punapa dene bakul ingkang tumbas sata kamangka sampun boten gahdah tombok kangge ngepahi berah lan nyekapi kabetahan padintenan.

Kanthi turun temurun warga Desa Katekan nanem sata minangka sumbert pamedal kulawarga. Awit saking punika, para petani sata ngajab supados pabrik ses, numbasi sata kanthi regi ingkang murwat. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.