Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Umat Hindu Nindakaken Dharmatula 

Umat Hindu Nindakaken Dharmatula 

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Mahargya tumapaking wulan purnama ingkang ugi rerangken cecawisan pahargyan Nyepi taun 1938 Saka, Umat Hindhu nindakaken Dharmatula dhateng Pura Widyadharma,Dhusun Ndero Wedomartani, Kecamatan Ngemplak, Sleman, dinten Senen (23/2). Lampah upacara pangibadahan kangge sesuci dhiri punika dipun pandhegani dening pangarsaning umat, dene ancasipun supados umat kalis saking lampah angkara murka.

Umat Hindu tumemen anggenipun tumut rerangkening Upacara Dharmatula, ingkang dangunipun watawis setunggal jam. Pengurus pura, Marnaka mratelakaken,  upacara pangibadahan samangke inggih rerangken lajengaken lampah pangibadahan ing wanci enjingipun, inggih punika sesuci dhateng Pesisir Ngobaran Gunung Kidul. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.