Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Melasti

Upacara Melasti

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Umat Hindhu Ing Gunungkidul nindakaken Upacara Melasti rerangkening pahargyan Riyadi Nyepi taun 1938 Saka, dipun tindakaken dhateng Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Desa Kanigoro, Kecamatan Saptosari. Upacara ingkang ancasipun kangge sesuci dhiri lan wewengkon punika lumampah rancag lan tumemen. Para Umat Hindhu saking Gunungkidul lan Ngayogyakarta katingal ngebaki papan gumelaring Upacara Melasti. Maneka ubarampe lan sesaji ingkang dipun bekta dening umat dipun tata dhateng gisiking Pesisir Ngobaran dene pangarsa umat tumuli mandhegani konjuking donga pamuji.

Bimas Hindu Kanwil Kementrian Agama DIY, Ida Bagus Wika Krisna mratelakaken, Upacara Melasti tegesipun mbucal sedaya sesuker utawi sesuci kanthi sarana Tirta Amerta. Salebeting kapitadosan Hindhu, sumber toya kadosta telaga lan samodra inggih minangka Tirta Amerta. Warsa enggal Saka tumrap Umat Hindhu inggih satunggaling kalodhangan kangge miwiti lembaran enggal panggesangan kanthi linambaran manah ingkang resik. Ing pungkasaning upacara sedaya sesaji dipun larung dhateng samodra lan dados rebatanipun warga. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.