Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Priksan Kasarasan Waos Prajurit TNI AD

Priksan Kasarasan Waos Prajurit TNI AD

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dinten Selasa (23/2) enjing, mapan dhateng Makodim 0734 Yogyakarta, dipun adani priksan kasarasan waos lelahanan tumrap para prajurit TNI Angkatan Darat sarta warganing Persatuan Istri Prajurit utawi Persit Candra Kirana. Supados ladosan saged langkung rancag, watawis 30 dokter gigi saking Fakultas Kedokteran Gigi Universitas Gadjahmada dipun kerigaken.

Miturut Koordinator kridha, Pingki Krisna Arindra kridha kados makaten saweg sepisanan dipun adani ing Makodim 0734 Yogyakarta. Kridha minangka sarana pengabdian masyarakat kasebat ngiras kangge nepangaken ladosan specialis dokter gigi. Salebeting ladosan lelahanan kasebat petugas medis ugi ngladosi maneka perkawis gayut kaliyan kasarasan waos.

Kejawi priksan waos lelahanan, para dokter gigi ugi nindakaken penyuluhan gayut kaliyan pangupakawis ingkang leres tumrap waos lan langkah darurat ingkang kedah dipun tindakaken nalika sakit waos.  (Hari Atamaja)

Share this with friends

Comments are closed.