Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lontong Cap Go Meh

Lontong Cap Go Meh

Solo, www.jogjatv.tv – Masyarakat Tionghoa ing Kitha Solo, Jawa Tengah, gadhah tradisi nedhi tetedhan mirunggan, dungkap gangsal welas dinten  sasampunipun pahargyan  imlek  utawi  Cap Go Meh. Inggih punika, Lonthong Cap Go Meh, kuliner pralambang  akulturasi.

Nalika  pahargyan Cap Go Meh,  lonthong Cap Go Meh kathah dipun sade dhateng Peken Gedhe, Solo, Jawa Tengah. Raos sarta bahan baku Lonthong  Cap Go Meh kados damel kupat ingkang dipun cawisaken nalika Dinten Riyadi Idul Fitri. Lonthong dipun cawisaken mawi lawuh  tigan, sayur kates,  bung, ayam suwir lan  sambel goreng .

Miturut Pengurus Klenteng Tien Kok Sie Peken Gedhe Solo, Henry Susanto, tetedhan kasebat sampun wonten wiwit  abad kaping 14.

 

Henri ugi mratelakaken, kuliner kasebat dipun cawisaken minangka  pasugatan penutup Cap Go Meh. Rikala semanten andhahanipun Cheng Ho, inggih satunggaling Umat Muslim,  madosaken tetedehan penutup lonthong kangge Cheng Ho, tetedhan kasebat lajeng dipun sebat Lontong Cap Go Meh .

 

Santen ingkang kentel dados pangemba kerukunan  antawisipun Warga Tionghoa kaliyan Tiyang  Jawi,  wiwit jaman kawuri ingkang sampun lumampah puluhan abad.

 

(Heru Kristiyanto)

Share this with friends

Comments are closed.