Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Siswa Berprestasi

Lomba Siswa Berprestasi

Klaten, www.jogjatv.tv – Seket kalih siswa SD saking nemlikur Kecamatan sa Klaten Jawa Tengah, tumut mupu Lomba Siswa Berprestasi ingkang dipun gelar dening Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten sadanguning kalih dinten. Lomba dipun gelar ing SD Negeri Kunden Karanganom.

Kasi TK,SD Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, Suroyo mratelakaken, materi ingkang kangge lomba samangke inggih nyakup lomba akademik, ing antawisipun tes IPA, Matematika, Bahasa Indonesia lan Ilmu Pengetahuan Umum. Wondene lomba talenta anak nyakup praktek komputer, prakarya, wawancara, pidato bahasa indonesia, kesenian nasional lan kesenian daerah. Suroyo ngajab kridha kados makaten saged kangge ngangkat prestasi sarta nggatra watakipun siswa kanthi sawetahipun. Siswa boten namung lantip nanging ugi susila lan utama.

 

Lomba Siswa Berprestasi nampi tanggapan ingkang sae saking para guru lan siswa. Bab kasebat jalaran kridha kados makaten saged kangge njurung para siswa supados langkung mempeng malih lan kendel tumut rebat unggul. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.