Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Umat Hindu Mendhak Tirta

Umat Hindu Mendhak Tirta

Boyolali, www.jogjatv.tv – Minangka rerangken Riyadi Nyepi, atusan Umat Hindu ing  Boyolali Jawa Tengah, dinten Minggu (6/3) nggelar upacara mendak tirta, inggih punika mendhet tirta suci dhateng umbul ngabean pengging. Tirta suci punika badhe dipun bekta dhateng candhi boko prambanan, dipun klempakaken dados setunggal kaliyan tirta suci ingkang dipun pendhet umat hindhu saking maneka tlatah.

Kanthi mlampah sesarengan, wiwit saking Pura Buana Suci Saraswati Desa Ngaru-Aru, Kecamatan Banyudono, Boyolali, Jawa Tengah, atusan Umat Hindu punika tumuju dhateng umbul ngabean pengging, kangge mendhet tirta suci. Kanthi mbekta kalih gunungan lanang lan wadon, sarta sawetawis sesaji, umat kedah nempuh lampah watawis kalih kilo tumuju papan mendhak tirta. Mendhak tirta dipun tindakaken kangge nyuwun dhateng yang maha widi yasa, supados jagad tansah manggih katentreman.

Toya suci saking tuk umbul ngabean punika badhe dipun bekta dhateng Candhi Boko Prambanan, dipun klempakaken dados setunggal kaliyan tirta suci ingkang dipun pendhet dening umat hindhu saking maneka tlatah. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.