Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Usada Lelahanan

Usada Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv – Wiwit enjing atusan warga ing tigang desa inggih punika Warga Jatipuro, Wonosari sarta Desa Mireng Kecamatan Trucuk ngantri supados saged tumut priksan lan usada lelahanan dhateng griyanipun salah satunggaling warga Komisi E DPRD Jateng, Kadarwati. Warga ingkang racakipun inggih para petani sata punika dipun titi priksa inggih tensi lan ugi kasarasan paru-parunipun. Kadarwati mratelakaken, kridha punika dipun adani minangka rerangken reses kapisan, tembayatan kaliyan Balai Kesehatan Paru Masyarakat (BKPM) Propinsi Jawa Tengah. Priksan kasarasan kados makaten inggih dados kawigatosanipun Komisi E, ngengeti kasarasan warga inggih bab ingkang wigati.

Salah satunggaling warga, Narto Suyono, nampi kanthi remen wontenipun lampah usada lelahanan punika, jalaran sampun setengah wulan pungkasan ngraosaken seseg. Sampun mbudidaya priksa lan dipun obati nanging dereng suda. Narto ngajab kanthi wontenipun lampah usada saking balai khusus paru, sesakitipun saged mantun. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.