Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cecawisan Tawur Agung Kesanga

Cecawisan Tawur Agung Kesanga

Klaten, www.jogjatv.tv – Ndungkap riyadi Nyepi Warsa Enggal Saka 1938, panitia nyepi sampun nyawisaken maneka ubarampe kangge tumapaking upacara tawur agung kesanga dhateng plataran candhi prambanan Klaten Jawa Tengah. Panitia ugi nyawisaken papan kangge watawis 15 ewu Umat Hindhu saking maneka tlatah ingkang badhe tumut lampahing upacara.

Sedinten ndungkap riyadi nyepi, umat hindhu badhe nindakaken upacara tawur agung kesanga dhateng plataran candi prambanan, inggih punika ing mandala wisnu, ingkang badhe dipun adani dinten Selasa (8/3). Watawis 15 ewu Umat Hindu saking maneka tlatah badhe tumut lampahing upacara punika. Kangge cecawisan papan, pramila panitia nyepi masang sawetawis tendha kangge papan lenggahipun pejabat, tamu sedhahan sarta umat. Dene seksi sesaji ugi sampun cecawisan kanthi damel banten upacara, inggih banten caru lan banten ayapan, sarta banten upacara.

Dene seksi kesenian ugi sampun nyawisaken gangsa kangge ngiringi kidung lan beksan gambyong masal, sarta sendratari. Sasampunipun upacara tawur agung, dinten rebo enjing umat hindu nindakaken catur brata penyepian ingkang ugi ngleresi dumados grahana srengenge. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.